1. ”doraemon”*
Sapa jenenge bapake lan mboke DORAEMON?
jawab: dorareti & doraweruh
2. ”Di uber celeng”*
Sore sore mulih seko angon, Karina petuk-qan karo Rochatie.
Rochatie: piye kabarmu, waras toh.
Karina : waduh, dino iki aku meh mati disruduk karo celeng.
Rochatie: lho kok biso ngono, piye ceritane…? .
Karina : mau pas ngolek godong kleang (cengkeh), aku petukan karo
celeng. Tak usir karo kayu pring, malahan ngamuk. Aku di uber uber
arepe di sruduk, untung-nge celeng kuwi bolak balik tibo kepleset.
Dadine aku sempet menek wit cengkeh.
Rochatie: waduh serem banget yo, nek aku sing ngalami. Wis pucet lan
pasti awakku ke puyuh puyuh.
Karina : Lho aku yo ngono, kowe pikir si celenge kepleset banyu opo
haa..!!!!!!! !!!!!!!.. ……… ..
3. ”Sayembara Juragan Tambak “
*Onok juragan tambak jenenge Sablah ngadakno sayembara.
“Sopo ae sing wani njegur nang tambakku, bakal oleh hadiah Sepeda
Montor.” jare Sablah.
Akeh wong sing ngumpul ndhelok sayembarane, tapi gak onok sing wani
njegur nang tambak.
Masalae tambake isine dhudhuk iwak tapi boyo, nyambik, bajul lan sak
panunggalane.
Mergo gak onok sing wani njegur, hadiae digenti dhadhi montor
kijang anyar.
Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur mergo merinding ndhelok
boyone guedhe-guedhe mangap kabeh.
Akhire ambek Sabalah hadiae ditambah maneh, montor kijang anyar
ambek omah sak isine.
Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur.
Mari sepi meneng kuabeh, moro-moro Muntiyadi njegur nang tambak.
Penontone keplok-keplok kabeh ndhelok Muntiyadi gelut ambek boyo.
Kiro-kiro wis sak jam, akhire Muntiyadi tampil sebagai pemenang.
Cumak yo ngono, awake dhedhel kuabeh.
Wis mari ambekan, Sablah marani arep nyerahno hadiae, tapi Muntiyadi
nolak.
“Yo wis tak tambahi dhuwik limangatus juta” jare Sablah, tapi Muntiyadi
tetep nolak.
“Tak tambahi mas-masan sak kilo” jare Sablah maneh, Muntiyadi tetep
gak gelem.
“Wis ngene ae, awakmu njaluk opo ae, tak turuti” jare Sablah gak
gelem kalah.
“Aku njaluk arek sing njungkrakno aku mau digowo rene” jare Muntiyadi
4. Judul pilem dalam boso jowo
Enemy at the Gates — Musuhe Wis Tekan Gapuro
Die Hard — Matine Angel
Die Hard II — Matine Angel Tenan
Die Hard III With A Vengeance — Kowe Kok Ra Mati-mati To?
Bad Boys — Bocah-bocah Elek
Lost in Space — Ilang Neng Awang-awang
X-Men — Wong Lanang Saru
X-Men 2 — Wong Lanang Saru Tenan
Cheaper by the Dozen — Tuku Selusin Luwih Murah?
Paycheck — Kasbon
Independence Day — Pitulasan
The Day After Tomorrow — Sesuke
Die Another Day — Modare Ojo Saiki
There is Something About Marry — Meri Ono Apa-apane
Silence of the Lamb — Wedhuse Mutung
All The Pretty Horses — Jarane Ayu-ayu
Planet of the Apes — Planete Wong Apes
Gone in Sixty Second — Minggat Sakcepete
Original Sin — Dosa Tenanan
The Abyss — Entek-entekan
Seabiscuit — Klethikan Neng Laut
Terminator — Terminal Montor
How To Lose A Guy in 10 Days — Piye Carane Megat Lanangan mung 10 Dino
Lord Of The Ring — Pedagang Akik…
Deep Impact — Ngantem Njero
Million Dollar Baby — Babi Regane Sayuto
Blackhawk Down — Manuk Ireng Kenek Bedhil
Saving Private Ryan — Ngelesi Privat Mas Ryan (pancene goblog tenan opo?)
5. Belajar bahasa cina
Bahasa China Pria dewasa?
Wes Ma Teng
Bahasa China Presiden?
Shu Xie Lo
Bahasa China gak kena tonjok?
Loe Foet Nie Yee
Bahasa China Redup?
Lee Ma Wat
Bahasa China meminta bantuan?
Toe Lung Dong
Bahasa China orang kaya?
Wong Kha Ya
Bahasa China alat musik traditional?
Koh Lin Tang
Bahasa China Pemda?
Toe Kang Gu Shur
Bahasa China belokan?
Tie Kung An
Bahasa China orang yang berlomba?
Tan Ding An
Bahasa China makanan ringan?
Che Mie Lan.
5. Ngumbah Kucing
Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.
“Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?” takok Bunali.
“Aku katene ngumbah kucing” jare Wonokairun.
“Gak salah tah Mbah.” Bunali bingung.
“Iyo soale kucingku akeh tumane.” Jare Wonokairun.
“Wah yo isok mati kucing sampeyan Mbah” Bunali ngilingno.
“Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo” jare Wonokairun.
Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge.
Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.
“Yok opo kucing sampeyan Mbah ?” takok Bunali.
“Kucingku mati “ jare Wonokairun.
“Lho lak temen tah. Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo kucing atik
diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo” jare Bunali nyeneni.
“Kucingku mati gak mergo rinso” jare Wonokairun njelasno.
“Opoko lho ??” Bunali gak sabar.
“Tak peres . . . .”